Senin, 21 Mei 2012

Pramugari Tegal

Canda menjelang tidur......................................Tahun 2020 di TEGAL arep dibangun Bandara International, persiapan wis mulai dengan training krew bandara (menara pengawas) sampai pramugari pesawat, yang menarik para pramugari TEGAL sudah pada apal cara demo perlengkapan penyelamatan penumpang sbb :
PRAMUGARI TEGAL"

"Sugeng enjang kagem panjenengan sedaya. Mbokan mngko matane sampean pedes, utawa kupinge budheg, aja klalen diemut permene.

Ben kowe kabeh pd slamet, tulung pd ndelengna priwe carane masang sabuk, priwe nguncine men belih ucul, ben kenceng. Kaya kiye carane nguculi:

klambi plembungan ana nang ngisor kursi sampean, aja dinggo disit, ngenteni pak Kapten ngewei pngumuman2. Aja dipindah2, apa maning digawa balik nggo pajangan ruang tamu, drpd tak kamplengi. Paham kabehan?!

Kuwe nganggo klambi tlembungane, dilebokna liwat gulu, kunci sabuk nang ngarepan, aja kekencengen, engko kowe bingung ora bisa ambekan. Bisa jg disebul, sing penting ababmu ora mambu.

Ben bs kambang nang banyu, tarik cenul2 warna abang kuwe. Eling, narike nang njaba psawat, angger nang njero mlembunge, lawange ora cukup, malah bs nyangsang.
Angger arep metu seka pesawat kudu antri, baris kaya bebek bis kolobis kuntul baris.

Angger ambekan wis mulai sesek, masker O2 tiba dhewek seka nduwur ndas. kuwe sijinan lho, aja rebutan ngisin2i.

Kartu petunjuk darurat ana nang dlesepan ngarepmu nggo diwaca. Ora usah diapalna mengko malah edan sampean.

Kaya kuwe bae disit ya. pakdhe, budhe, paklik, bulik, mas, mbak, le,nduk.
O iya...
Angger arep maca2 penceten cenul2 nang nduwurmu nggo nguripna lampu baca.
Paham ora ??"X_X =D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar